LELAKON URIP



بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم
Wacan Pawarta
    Wacan Pawarta yaiku sawijine wacan sing isine informasi bab kedadeyan sing wis tau kelakon utawa kedadeyan.
    Jinise media sing biasane mbiwarakake pawarto ana media cithak lan ana media elektronik. Jinise media cithak umpamane majalah, koran, buletin, lan sapanunggalane. Dene kang awujud media elektronik umpamane radio, televisi, internet, HP, lan sapanunggalane.
 
Contoh Pawarta media elektronik:


Contoh pawarta media cithak:


pawarta minangka kedadeyan utawa prastawa kang diwartakake bisa arupa lisan lan tulisan
  • Lisan, tegese pawarta iku bisa diwartakake dening wong liyo kanggo pamiyarsa lumantar swara. Pawarta lisan biyasane digiyarake lumantar radhio, TV, utawa diwaca langsung
  • Tulisan, tegese pawarta iku lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, apadene wara wara lumantar selebaran, pamflet, lan sapanunggalane, serta kapajang ing papan engumuman.
Titikane Pawarta yaiku kaya mangkene:
  • Mujudake informasi kang awujud kedadeyan utawa prastawa.
  • Asipat BAL ( bener-bener dumadi, aktual, lan lengkap.
  • Dadi pusat kawigaten.
Jinise pawarta ing antarane yaiku kaya mangkene:
  • Andhedhasar isine: Pawarta bab pendhidhikan agama, politik, kewarasan, ekonomi, hiburan, lingkungan, hukum, tetanen, olahraga, lan sapanunggalane
  • Andhedhasar sumbere
          Andhedhasar sumbere yaiku kaya mangkene
            -Fakta, Pawarta saka kedadeyan langsung/nyata.
            -Opini, Pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadeyan.
            -campuran antarane kedadean lan panemune narasumber kang ahli ing bab kedadeyan kasebut.
  • Andhedhasar bobote fakta 
Andhedhasar bobote fakta yaiku kaya mangkene
- pawarta fakta/kedadeyane pancen bener ana.
-pawarta  ditambah andharan bab kedadeyane








 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar