بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم
1. Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro sing tegese (artine) padha utawa meh padha dianggo bebarengan.
Tuladha:
- Murid-murid MIN 1 Jombang katon sayuk rukun anggone sinau.
- Olehe piket nyaponi kelas ditindakake sarana gilir gumanti.
- Wong sing seneng colong jupuk kuwi ora becik, mulane aja ditiru.
2. Tembung camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing maune tegese beda sawise dirangkep (digabung) dadi siji banjur duwe teges anyar Jinise tembung camboran yaiku kaya mengkene:
a. Tembung Camboran Wutuh
Tembung camboran wutuh yaiku tembung sing digabung tanpa ana owah-owahan tembungé. Gabungan tembung iki ngetutake makna asli saka tembung-tembung sing digabung, nanging tetep nduwèni makna anyar.
Conto:
- Rumah sakit – Gabungan saka "rumah" lan "sakit," sing artine panggonan kanggo ngobati wong lara.
- Sepeda motor – Gabungan saka "sepeda" lan "motor," sing artine kendaraan roda dua nganggo mesin.
- Becak motor – Gabungan saka "becak" lan "motor," sing artine becak sing nganggo mesin motor.
b.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar